Tampilkan postingan dengan label khotbah basa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label khotbah basa Jawa. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 18 April 2020

Khotbah Bahasa Jawa: Ngadhepi Godhaning Iblis | Matius 4:1-11




Ibu, bapak, para sadherek ingkang kinasih,dados pribadi Kristen punika satunggaling anugrah ingkang endah. Awit Gusti Yesus Kristus, lumantar ing Roh Suci tansah nganthi pagesangan kita. Ananging wonten ing pagesangan, Iblis tansah sumedya angon mangsa dhumateng para pitados. Kados dene ingkang sampun kaserat wonten ing I Petrus 5:8, “Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Ilbis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa”.

Punapa kemawon profesi kita, menawi kita taksih pitados dhumateng Gusti Yesus kanthi saestu, Iblis mboten badhe kendel.

Gusti Yesus sampun paring tuladha, wonten ing babagan “kalis saking panggodhaning Iblis”.

Mateus, sampun nyerat prastawa punika, sumangga kita nyinau sesarengan  kados pundi Gusti saged kalis saking panggodha rencana Iblis.

Ingkang sepisan, kita kedah mirsa jinising panggodha saking Iblis. Wonten ing Mateus 4:1-11, kita saged manggihi tiga bentuk pencobaan saking Iblis.
Setunggal, inggih punika godhaan kangge nyalahginakaken kuwaos.
Kalih, inggih punika godhaan kangge ngemehaken kasaenanipun Allah.
Tiga, inggih punika godhaan kangge nyembah marang Iblis.

Sumangga sesarengan kita kupas setunggal-setunggal,

Iblis nggodha supados kita saged dawah wonten ing dosa nyalahginakaken kekuasaan.
Tamtunipun Iblis ngerti bilih Gusti Yesus punika kerapan. Lan ugi ngerti, bilih Gusti Yesus punika ‘Allah kang manjalma dados manungsa’ ingkang kagungan kuwaos wonten ing bumi lan ing swargo. Saged ngubah watu – sela, dados roti. Ananging Gusti Yesus mboten kersa nuruti prentahipun Iblis.

Awit, sampun jelas, Gusti Yesus punika katuntun dening Roh Suci, pramila Gusti Yesus teguh taat namung dhumateng Allah sang Rama.

Sumangga kita sesarengan waspada. Kita sedaya dipun paringi kuwaos dening Allah. Wonten ingkang dados pimpinan perusahaan, wonten ingkang dipun paringi kuwaos dados karyawan. Wonten ingkang dipunparingi kuwaos saged mbangun bisnis utawi perdagangan. Langkung-langkung, wonten ingkang dipun paringi kuwaos mimpin keluarga. Ananging, Iblis mboten seneng menawi perusahaan kita maju, iblis mboten seneng menawi perdagangan utawi bisnis kita mlampah kanthi ketaatan dhumateng Gusti Yesus. Iblis mboten seneng, menawi kita sak kulawarga taat dhumateng sabdanipun Gusti.

Pramila, sumangga kita tetep waspada, ampun ngantos kemampuan utawi kuwaos ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kita, andadosaken kita gampang ndamel dosa.

Saklajengipun,
Iblis nggodha supados kita ndamel dolanan sadaya kasaenan ingkang saking Allah,

Tamtunipun kita saged mirsa sesarengan, wonten ing Mazmur 91:9-12, kaserat mekaten:
Amargo Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu, Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu, kowe ora bakal katempuh ing bilai, sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu; awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe, supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu. Kowe bakal ditadhahi ing tangane, supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu.
Khanthi sabdanipun Allah punika, kanthi janji kasaenan ingkan saking Allah punika, Iblis nggodha Gusti Yesus supados dolanan sabdanipun Gusti.
Iblis ngomong,..
Ora papa.. anjlog saka payone padaleman suci, kan mengko ditatang para malaekat..
Ora papa.. dina iki nggawe dosa, sesuk kan isa njaluk ngapura...
Ora papa.. dina iki maling, sing penting sesuk isa dadi sugih.. kan Gusti Yesus tansah nganthi...
Ananging Gusti Yesus saged kalis saking panggodhaning Iblis punika.
Sumangga tansah diwaspada, ampun ngantos kita dados pribadi ingkang ngremehaken sabdanipun Gusti, lan ndamel dados dolanan sakehing kasaenanipun Gusti Allah. Wonten sabdanipun Gusti ing Galatia 6:7, ‘Aja padha kesasar! Gusti Allah ora kena digawe geguyon. Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dieneni’.

Ingkang pungkasan,
Iblis nggodha, supados kita saged dhawah nyembah dhumateng Iblis
Saged sesarengan kita mangertosi wonten ing ayat 9-10, Iblis ngaturi pirsa Gusti Yesus sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane, lajeng badhe ngaturaken sadaya punika kanthi syarat, Gusti Yesus kersa nyembah sujud dhumateng Iblis. Ananging Gusti Yesus saged kalis saking panggodha punika.
Iblis, nggodha kita supados kita sumuyud kanthi panembahan ingkang lebet.
Tansah waspada, ampun ngantos kita nyembah dhumateng Iblis. Wonten tiyang ingkang nggadhahi pepinginan supados cepet sugih, utawi supados nggadhahi kawibawan-kadigdayan, piyambakipun manembah dhumateng iblis. Supados anakipun sukses, piyambakipun nyuwun tulung kalihan tiyang pinter.. lan sanesipun.

Tansah diwaspada, ampun ngantos kita dhawah nyembah Iblis.

Saklajengipun, punapa ingkang kedah kita lampahi supados saged kalis saking panggodhaning Iblis?
Setunggal, tansah waspada lan ugi ndedonga wonten ing padintenan (Matius 26:41)
Kalih, tansah nggadhahi pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Yesus (I Korintus 10:13)
Tiga, tansah gegondhelan dhumateng janjinipun Gusti Allah (Yakobus 1:12).

Amin.

Pdt. Setyawan Adi Nugroho, MTh.

Kamis, 26 Februari 2015

Gesang Kita Kedah Kaenggalaken - Yohanes 3:1-21; Rum 12:2 (part 3)

Salajengipun perkawis kayekten ingkang kedah kita ugemi inggih punika, bilih gesang kita saged kaenggalaken namung:
1.                  Awit saking pitados dhumateng Gusti Yesus
Penjelasan:
Saged dipun panggihi wonten ing ayat 15, Yokanan 3:15: “supaya saben wong kang pracaya marang panjenengane oleh urip langgeng”. Ing ayat punika kaserat tembung “pracaya/pitados”, miturut ayat punika tembung “pitados” nggadahi teges: mitayakaken lan masrahaken gesang sakwetahipun dhumateng Putraning Manungsa, Gusti Yesus Kristus. Kanthi makaten saged dipun mangertos bilih tembung pitados punika mratelakaken gesang ingkang nggadahi pangarep-arep, langkung malih anggenipun mitayakaken lan masrahaken gesang sawetahipun dhumateng Gusti Yesus.  Pitados dhumateng Gusti punika boten ateges kita pasif utawi kendel kemawon. Nanging, kita tansah masrahaken gesang kita dhumateng Gusti Yesus, kang ateges kita setya lan sedya dhumateng pangandikanipun Allah ingkang sampun kaserat wonten ing Alkitab.
Penggambaran:
            Jemaat ingkang kinasih, nalika kula sakit lan berobat wonten RS. Pantiwilasa Citarum, Pak Dokter maringi kula resep obat. Piyambakipun ngendikan: Pak Adi.. untuk mengobati sakitnya saya telah membuat resep obat yang paling bagus. Bapak harus minum sesuai dosis dan istirahat yang cukup, saya jamin Bapak akan segera sembuh. Lajeng kula saged saras malih saksampunipun ngombe obat miturut dosis lan cekap istirahat. Ibu, Bapak, para saderek, kula pitados bilih Pak Dokter punika mboten ngapusi kula, pramila kula sedya ngestokaken ngendikanipun dokter lan ing pungkasanipun kula nampi kasarasan.


Penegasan:
Mekaten ugi kula lan panjenengan. Gesang kita saged kaenggalaken matemah nampi karahayon lan kayekten ingkang saking Gusti. Ananging kita kedah pitados dhumateng Gusti Yesus, kanthi setya lan sedya ngestokaken sabdanipun Gusti. Boten namung dinten punika kemawon setya lan sedya ngestokaken sabdanipun Gusti, ananging ngantos Gusti nimbali kula lan panjenengan.
Penerapan
Jemaat kagunganipun Gusti, sumanggan kita sesarengan setya ngugemi janjinipun Gusti lan sedya ngestokaken dhawuhipun. Lajeng, saking pundi saged manggihi janji lan dhawuhipun Gusti? Ing Alkitab, sedaya punika sampun kaserat. Pramila sampun ngantos kendhat anggen kita ndedongan lan maos Alkitab ing padintenan.
Transisi:
Ingkang pungkasan, gesang kita saged kaenggalaen punika namung:
2.                  Awit saking batos ingkang kaenggalaken (Transformasi)
Penjelasan:
Wonten ing Rum 12:2, wonten tembung “Budi utawi nous” menika nggadahi padanan kaliyan ati, batin utawi batos. Wonten ing batin Allah makarya, lan Allah ndamel batos tiyang pitados wanuh marang suwantenipun Allah (Yeh. 36:26-27). Ingkang dados pitakenanipun, kenging punapa rasul Paulus ngatag supados sedaya tiyang pitados kedah kaengalaken wonten ing pambudinipun? Amargi kita punika katitahaken dening Allah dados ciptaan ingkang enggal. Kang lawas sampun sirna dipun gantos kaliyan gesang enggal wonten ing tuntunan Roh Suci. Lan kita katitahaken dening Allah supados dados umat ingkang ngluhuraken Allah mboten namung ing lathi, ananging kanthi pagesangan kita ingkang ngluhuraken asmanipun Allah. Kados dene ingkang kaserat wonten ing Titus 3:1-5.
Penggambaran:
Sumangga dipunpirsani wonten ing Sekolah Minggu, lajeng sekolah-sekolah Kristen, lan ing perguruan tinggi. Pendidikan budi pekerti dipundadosaken pelajaran pokok, kangge para peserta didik. Mekaten ugi jemaat mennonite ing jamanipun Menno Simon, sedaya jemaat dipuntransformasi lumantar pendalaman Alkitab lan persekutuan kang raket sanget. Matemah, kelompok mennonite punika kasebat tiyang pitados ingkang mursid.
Penegasan:
Jemaat ingkang kinasih, batos kita kedah kaenggalaken. Menawi kita mbikak manah kita kagem pakaryaning Roh Suci, kita aturi Roh Suci dados panguwaos ing batos kita. Kanthi mekaten gesang kita saged kaenggalaken, awit batos ingkang kaenggalaken nuwuhaken pakaryan ingkang mulya (kamursidan), balik batos ingkang dereng kaenggalaken dening Roh Suci punika nuwuhaken bebendu saking Allah.
Penerapan:
Menawi kita sami ngaken bilih Roh Suci wonten ing gesang kita, sumangga kita masrahaken dhiri dhumateng Roh Suci; ampun ngantos masrahaken diri dhumateng mbah dukun. Sumangga kita nyumanggakaken Roh Suci makarya ing manah/ batos kita, matemah kita saged memuji Gusti kanthi sukarena, mbiyantu sesami kanthi bungah, lan mungkasi konflik kanthi katresnan.
Visualisasi:
Sumangga kita mirsani bayi ingkang kababar, piyambakipun mbetahaken tetedan lumantar ASI lan menawi sampun balita, tetedanipun sampun mawi bubur lan tetedan sanesipun. Ananing sak sampunipun saged mlampah lan wicara piyambakipun mbutuhaken pendidikan. Ngantos dumugi SMA, wonten ingkang nglajengaken wonten ing universitas. Sak sampunipun lulus, piyambakipun kedah nyambut damel, lan sak lajengipun ngraosaken endahing sesemahan ing kaluwarga enggal. Mekaten ugi kita, nalika kita sampun dipun lairaken malih dening Roh Suci, kita kedah tuwuh. Gesang kita kedah kaenggalaken lumantar pawartos Injil ingkang kita ugemi. Gesang kita ugi kedah kaenggalaken kanthi pitados dhumateng Gusti, lan masrahaken diri dhumateng pakaryan Roh Suci wonten ing batos kita.
Tindakan:

            Jemaat ingkang kinasih, sumangga kita dados kados bayi ingkang sangsaya mindak umur sangsaya kaenggalaken badan, budi, lan rejekinipun. Sumangga kita sami ngugemi pawartos Injil ingkang sampun kita tampi, setya lan sedya nindakaken dhawuh sabdanipun Gusti kanthi maos Alkitab ing padintenan. Matemah kula lan panjenengan saged dados umat ingkang saleh, umat ingkang gesangipun kaenggalaken dening Roh Suci. 

Gesang Kita Kedah Kaenggalaken Yohanes 3:1-21; Rum 12:2 (part 2)

Miturut punapa ingkang sampun kita waos sesarengan ing Yokanan 3:1-21 lan Rum 12:2; kita saged manggihi dhasar kapitadosan kita bilih gesang kita saged kaenggalaken namung:
1.                  Krana pakaryaning Roh Suci lumantar Injil ingkang kawartakaken
Penjelasan:
Wonten ing Yokanan 3: 5-8 ngatingalaken bilih Roh Suci nggadahi andil wonten satengahing gesang ingkang kaenggalaken….wonten ing ayat punika maringi gambaran babagan kados dene hukum reproduksi. Hukum reproduksi punika “menghasilkan sesuai dengan jenisnya”, kados dene cempe mesthi nglairaken cempe, lan ibu-ibu inggih mbabarken bayi. Lan Roh Suci nuwuhaken babagan roh; inggih punika gesang ingkang kalairaken dening Roh, katuntun dening Roh lan ngrembaka awit saking Roh. Wondene Roh Suci punika kados “angin” kang saged dipun pirengaken sumiyute, ananging boten saged dipunpirsani pinangkanipun lan paranipun. Mekaten ugi, pakaryaning Roh Suci, boten saged dipun tliti wonten ing akal ananging saged dipunpirsani wohipun. Kados ingkang sampun kaserat wonten ing I Korintus 2: 15 “balik wong kasukman iku niti priksa samubarang kabeh, nanging awake dewe ora katiti dening liyan” – Wong sing kadunungan Rohe Gusti Allah kuwi ngerti samubarang, nanging ora ana wong sing bisa nliti marang dheweke- (Basa Padintenan).
Penggambaran:
Kados dene pasamuwan wiwitan, Rasul Petrus sak sampunipun kebak ing Roh Suci wantun martakaken Injil, lan 3000 tiyang pitados dumateng Gusti Yesus, mratobat lan kabaptis; sadaya punika awit saking pakaryan Roh Suci (LPR pasal 2). Makaten ugi jemaat ingkang katedak dening Roh Suci punika pagesanganipun terus kaenggalaken. Pramila gesangipun jemaat wiwitan kebak ing katresnan, ngantepi piwulange para rasul, mempeng ing pandonga, lan saiyeg ing pangibadah (LKP 2: 24-27).
Penegasan:
Amargi pakaryan Roh Suci ingkang endah lumantar Injil ingkang kawartakaken, sadoyo tiyang saged kaenggalaken pagesanganipun. Pramila, bilih gesang kita sampun kaenggalaken dening pakaryan Roh Suci lumantar Injil ingkang kita pirengaken, sumonggo kita ugi dados pawartos Injil kagem saderek-saderek kita ingkang dereng wanuh kaliyan gesang ingkang nuwuhaken kayekten lan karahayon (Rum 10:14-15)
Penerapan:
Gesang kita kaenggalaken awit saking pakaryan Roh Suci lumantar Injil ingkang kita tampi. Lan namung srana pakaryan Roh Suci lumantar Injil ingkang kawartaaken, gesang kita kaenggalaken wonten ing padintenan. Pramila sumangga kita tansah ngugemi Injil ingkang sampun kita tampi, lan martosaken Injil ingkang kita ugemi, awit Roh Suci nunggil kita ingkang kaenggalaken wonten ing Gusti Yesus.

Gesang Kita Kedah Kaenggalaken - Yohanes 3:1-21; Rum 12:2 (part 1)

Perhatian:
Wonten ing zaman punika, kathah pemanggih agama kang maringi janji gesang ingkang kaenggalaken. Kados dene kang kasebut aliran Zaman Baru. Pemanggih agama punika gadhah pemanggih bilih gusti punika sejatosipun diri pribadi manungsa. Dados ingkang saged ngatur sadaya kahanan wonten ing bumi punika namung manungsa, diri pribadi. Lan ingkang saged ndadosaken gesang kaenggalaken punika diri pribadi. Caranipun mawi olahraga yoga ingkang mempeng, semedi utawi meditasi, lan nglairaken japa mantra. Wonten informasi bilih tiyang-tiyang ingkang saged nglampahi senam Yoga ngantos tingkatan ingkang inggil, raganipun saged awet anem. Lajeng wonten ing babagan mistik kejawen, kita saged manggihi kasekten ingkang ndamel awet anem lan kasekten ingkang ndamel tiyang saged panjang umur.
Jemaat ingkang kinasih wonten ing Gusti, aliran zaman baru lan aliran mistik kejawen sami-sami nggadahi pemanggih bilih badan utawi raga punika saged kaenggalaken malih. Lajeng menawi dipun cermati, aliran kekalih menika sumberipun mboten saking kayekten, ananging saking diri pribadi lan roh pepeteng. Matemah nuwuhaken gesang ingkang mboten wonten kayektosanipun. Lan sadaya pagesangan ingkang mboten dumunung ing kayektosan, mboten saged mirsani lan ugi ngraosaken Kratoning Allah. Kados dene ingkang sampun kaserat ing Yokanan 3:3, mekaten… “Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: Satemen-temene pituturku ing kowe: wong menawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah”
Keperluan:
Saderek ingkang kinasih, menawi dipunraosaken wonten ing pemanggih, kula lan panjenengan mesti gadhah pepengin saged lumebet wonten ing Kraton Swarga. Lan ingkang dados syarat inggih punika: kita kedah kalairaken malih wonten ing Roh Suci. Kalahiraken dening Roh Suci punika saged kita tampi nalika kula lan panjenengan sadaya pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus minangka Sang Pamarta. Ananging boten cekap semanten, kados dene bayi ingkang lahir lan butuh tetedan kangge pertumbuhanipun, mekaten ugi kula lan penjengan. Kita kedah kalairaken dening Roh Suci, lan wonten ing pagesangan salajengipun, gesang kita kedah kaenggalaken. Gesang kita kedah kaenggalaken! Uger gesang kita kaenggalaken, ing samangke kita saged lumebet wonten ing swarga lan kita mesthi pikantuk karahayon. Gesang kita kedah kaenggalaken lan kita saged kabekta wonten ing kayektosan. Matemah kita saged ngraosaken Kratoning Allah wonten ing pagesangan kita. Pramila Bapak, Ibu, para Saderek… gesang kita kedah kaenggalaken! Gesang kita kedah langkung kaenggalaken ngantos dumugi samangke nalika rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih, lan kita kanugrahan badan kaswargan. Gesang kita kedah kenggalaken supados kita madha rupa citraning Gusti Yesus.
Transisi :
Jemaat ingkang kinasih, wonten perkawis kayekten ingkang kedah kita ugemi, ing babagan gesang kang kaenggalken wonten ing Gusti Yesus. bersambung...part 2

Say No to Divorce !

If we pay attention to the divorce statistics in Indonesia, we may be interested in the facts. According to data from the Director General o...